Kamis, 03 November 2011

PANCASILA


Tembung Pancasila kapérang saking kalih tembung basa Sansekertapañca ingkang tegesipun gangsal lan śīla tegesipun prinsip utawi asas. Pancasila minangka dhasar nagari Républik Indonésia isinipun :
  1. Ketuhanan Yang Maha Esa
  2. Kemanusiaan Yang Adil Dan Beradab
  3. Persatuan Indonesia
  4. Kerakyatan Yang Dipimpin Oleh Hikmat Kebijaksanaan Dalam Permusyawaratan/Perwakilan
  5. Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia

Bab lan Paragraf

  [delikna

[sunting]Sajarah Perumusan

Salebetipun upados ngrumusaken Pancasila minangka dhasar nagari ingkang resmi, wonten usulan-usulan pribadi ingkang dipunajokaken salebetipun Badan Panylidhik Usaha Persiapan Kamardikan Indonésia inggih punika :
  • Gangsal Dhasar déning Muhammad Yamin, ingkang pidhato nalika tanggal 29 Mei 1945. Yamin ngrumusaken gangsal dhasar punika: Peri Kabangsan, Peri Kamanungsan, Peri Ketuhanan, Peri Karakyatan, lan Kasajahtran Rakyat. Panjenenganipun nélakaken bilih gangsal sila ingkang dipunrumusaken punika oyotipun ing sajarah, peradaban, agama, lan gesang katatanegaran ingkang sampun dangu ngrembaka ing Indonésia. Mohammad Hatta salebetipun mémoaripun meragukan pidhato Yamin kasebat.[1]
  • Panca Sila déning Soekarno ingkang dipunajokaken tanggal 1 Juni 1945. Sukarno ngajokaken dhasar-dhasar: Kabangsan; Internasionalisme; Mufakat, dhasar perwakilan, dhasar permusyawaratan; Kasejahtraan; Katuhanan. Nami Pancasila puniku dipunsebat déning Soekarno salebeting pidhatonipun nalika tanggal 1 Juni itu, ngendikanipun:
Sapuniki kathahipun prinsip: kabangsan, internasionalisme, mufakat, kasejahtraan, lan katuhanan, gangsal wilanganipun. Naminipun sanès Panca Dharma, nanging kula namèkaken puniki kanthi pitedah satunggiling rèncang kita ahli basa - naminipun inggih punika Pancasila. Sila tegesipun azas utawi dhasar, lan ing sainggiling galsal dhasar puniku kita madegaken nagari Indonésia, langgeng lan abadi.
Sasampunipun Rumusan Pancasila dipuntampi minangka dhasar nagari sacara resmi sapérangan dhokumèn panetepanipun inggih punika :
  • Rumusan Sepindhah : Piagam Jakarta - tanggal 22 Juni 1945
  • Rumusan Kaping kalih : Pembukaan Undang-undang Dasar - tanggal 18 Agustus 1945
  • Rumusan Kaping tiga : Mukaddimah Konstitusi Républik Indonésia Sarékat - tanggal 27 Desember 1949
  • Rumusan Kaping sekawan : Mukaddimah Undang-undang Dasar Sauntawis - tanggal 15 Agustus 1950
  • Rumusan Kaping gangsal : Rumusan Kaping kalih ingkang dipunjiwai déning Rumusan Sepindhah (ngrujuk Dekrit Présidhèn 5 Juli 1959)

[sunting]Dinten Kasektèn Pancasila

Artikel utama: Gerakan 30 September
Tanggal 30 September 1965, punika awal saking Gerakan 30 September (G30SPKI). Pambrontakan puniki arupi wujud upados ngéwahi unsur Pancasila dados ideologi komunis. Dinten puniku, enem Jendral lan sapérangan tiyang sanèsipun dipunpejahi minangka upados kudhéta. Nanging amargi kasadharan kanggé mbéla Pancasila mila upados kasebat ngalami kagagalan. Mila 30 September dipunpèngeti minangka Dinten Pèngetan Gerakan 30 September lan tanggal 1 Oktober dipuntetepaken minangka Dinten Kasektèn Pancasila, mèngeti bilih dhasar Indonésia, Pancasila, punika sekti, boten kagantosaken.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar